Aji Mumpung
Tetembungan aji mumpung lan “ngaji pupung”. Tetembungan mau loro-lorone bener, bedane “aji mumpung” luwih nangĀ tembung aran, yaiku ananing aji-aji sing jenenge “mumpung”, dene “ngaji pupung” nengenake tembung tanduk, yaiku ngaji-aji utawa ngregani banget marang kalodhangan utawa kesempatan. Dadi surasane padha bae, ing tetembungan aji mumpung kalodhangan kang bisa aweh kauntungan iku dianggep kadidene aji-aji, dene ngaji pupung kalodhangan mau diaji-aji lan diurmati banget.
Aji iku tegese duwe pangaji kang larang utawa “sangat berharga”. Diaji-aji iku tegese diumpati, dipundhi-pundhi. Aji iku asring kanggo sesebutaning ratu utawa pendhito, upamane ing tembung Kanjeng Dewaji Sang Aji Panembahan. Aji-aji iku nduweni sifat kang ampuh, sifat supranatural kang dadi sifat kandele sing duwe aji-aji mau. Aji-aji iku upamane: Aji Kuku Panconoko. Aji Singo Nebo, Aji Wiso Karno, Aji Bumi Puspo Arum lan sapanunggalane.
Read more…