Jagad Jawa

Maga Bathanga
Sampyuh….. kanthi perang diajab bakal muncul pemenang lan ana kerampungan.  Nanging nyatane ora mesthi kaya mengkono. Ora nglairake pemenang saka  salah siji ing antarane loro sing padha bandayuda, perang malah sok-sok  mung ngloropake loro-lorone dadi bathang: sampyuh!

Kanthi kebak simbolik sampyuh kuwi digambarake ing ukara pungkasan Dentawyanjana utawa carakan Jawa. Unine maga bathanga.  Ukara iki kerep ditegesi ’’(padha-padha) dadi bathang utawa  padha-padha mati’’. Minangka ’’ukara’’ sing pungkasan, mesthi wae ana  pratelan sadurunge. ’’Padha jayanya’’ unine. Tegese padha jayane utawa  padha sektine.

Jlentrehe, ’’ukara’’ pungkasan sing dirembug mau,  kaya sing umume wis disumurupi dening para maos, nggambarake ending  lelakone Dora lan Sembada. Dene lelorone dhapur batur tumrap Aji Saka.  Loro-lorone mung wong-wong sing bisane sendika dhawuh marang bendarane.  Diprentah ngulon ya ngulon, dikongkon ngetan ya mesthi wae ngetan.

Kacarita,  Dora lan Sembada tansah setya tuhu marang bendarane, Ajisaka. Ing  sawijining dina, Ajisaka sing sekawit cumondhok ing Pulo Majeti, nedya  andon lelana menyang tanah Jawa. Dora sing ngancani ngumbarane Ajisaka,  dene Sembada tetep mapan ing Majeti. Sadurunge lunga, Ajisaka prentah  Sembada supaya njaga pusaka-pusakane. ’’Aja pisan-pisan kokulungake  pusaka iki marang sapa wae, kejaba marang aku pribadi,’’ pratelane  Ajisaka.

Tumeka ing tanah Jawa, akhire Ajisaka kasil nyirnakake  mahadurja Medhangkamolan, Dewatacengkar, sing senengane mangan daging  menungsa. Ajisaka banjur ngratoni Medhangkamolan. Nalika madeg ratu,  dheweke kelingan manawa isih ninggal pusaka ing Majeti. Mula, banjur  utusan marang Dora supaya njupuk pusaka mau. Tumeka ing kana, Dora mratelakake prentahe Ajisaka. Nanging kanggone Sembada, angel bisane percaya marang kandhane Dora.

Sebab,  Ajisaka sadurunge ninggalake Majeti wis wanti-wanti manawa aja  pisan-pisan pusaka iku diulungake sapa wae yen ora marang sing nduwe  dhewe, ya Ajisaka kuwi. Dene tumrap Sembada, aluwung bali kari aran  yen nganti ngadhep Ajisaka tanpa nggawa pusaka mau. Kabeh rumangsa kudu  ngestokake dhawuh, kabeh padha rumangsa bener. Mula, banjur uga nggegegi  marang benere dhewe.

Mesthi wae yen rumangsa manawa mung awake  dhewe  sing bener, padha wae karo nganggep liyan kuwi sing luput.  Kosokbaline rumangsa yen bener, mesthi wae ora trima lamun benere mau  diterak liyan. Ora cukup adu gunem, Dora lan Sembada banjur adu  atosing balung wuleding kulit. Lelorone perang tandhing. Jroning perang  tandhing, kabeh-kabeh padha ngetog katiyasane. Ngira manawa kanthi  ngetog katiyasan iku temene nuduhake kekuwatan lan keunggulane. Nanging  nyatane ora mesthi kaya mengkono.

Jroning keblebegan nepsu ngetokake  kekuwatan, temene ing kono malah binabar keringkihan. Yen ing sisih kiwa  lagi diketog kekuwatan, ing sisih tengen temene lagi kagelar kelemahan.  Mengkono sateruse. Dora lan Sembada mujudake utusan, dhapur  kongkonan sing kudu ’’data(n) suwala’’ marang kewajiban sing disampirake  ing pundhake. Dora lan Sembada uga wis padha-padha nuduhake kasekten  lan daya kekuwatane. Nanging lelorone kudu ngundhuh wohing panggawe —ora  mung penggawene dhewe, nanging uga penggawene wong sing dilabuh-labeti  sing jebul kurang bisa ngrasakake apa sing dirasakake bature.

Baratayuda

Yen  ngrembug perang, mesthi wae ora bisa nglalekake Baratayuda. Iki mono  perang gedhe sing dadi ’’jantunge’’ Mahabarata. Perang antarane Pandhawa  lan Kurawa iki dudu salumrahe perang, nanging perang sing wis dadi  gambaran paling komplet. Ing kono alesan apa wae bisa digawe tumrap  perang, cara apa wae bisa tinempuh jroning perang, sanajan perang saya  dadi papan gumelare samubarang sing maone mokal dadi mungkin, sing maone  kira-kira dadi luwih mesthi.

Baratayuda, sing kebak banjir getih lan  luh iku, tetep wae dening para dhalang sinebut minangka perang. Perang  antarane ala lan becik, lambang perang nepsune manungsa. Mula, ora ana  siji wae pawadan endha saka perang. Ora sing saka pihak Kurawa, apa  maneh sing saka barisane Pandhawa.

Jroning crita wayang mau,  paraga(tama) pancen jejer minangka wayang sing kapan wae kudu tansah  siyaga maju perang. Jroning wayang uga ana dhalang sing ngatur  metu-mlebune wayang, yen perlu malah pati-uripe wayang. Saora-orane kuwi  sing ditindakake dening Kresna, sing ora mung dadi botohe Pandhawa,  nanging uga sing wis ngerti samubarang wadi jroning skenario gedhe  perang mau.

Banjur apa entuk-entukan perang sing ndadekake kaya-kaya  apa wae banjur dadi mandheg, banjur kebeh kudu ngenerake pandeleng ing  Kurusetra? Sadurunge mesthi kudu dikandhakake manawa embuh janjane cilik  apa gedhe, embuh sentosa apa ringkih, kabeh pihak mesthi rumangsa  manawa posisine iku bener. Kejaba iku, padha duwe optimisme. Optimistis  yen bakal menang.

Nanging apa nyatane? Bratayuda dumadi ora mung  sedina-rong dina. Baratayuda ora mung nyeret wong siji-loro ngadani yuda  lan pungkasane dadi bebanten. Baratayuda akhire uga ora mung njaluk  bebanten arupa jiwa-ragane para penggedhe, nanging luwih akeh mangan  nyawane para kawula.

Banjur sapa sing menang? Kayadene peribahasa  ’’menang jadi arang, kalah jadi abu’’, Baratayuda temene sithik wae ora  nyisihake kamenangan tumrap sapa wae. Dudu kanggo Pandhawa, apamaneh  Kurawa. Ending Baratayuda ing tata batin pancen mung ana pihak siji sing  kalah. Kamangka sing satemene mung dadi episode sampyuh. Sampyuh ageng!

Tenan,  sapa sing kandha Pandhawa kelakon ngregem kamenangan? Kamenangan model  apa sing bisa diundhuh? Kanikmatan apa sing bisa direng­kuh? Ora ana,  kabeh mung dadi sepa, kabeh mung kari sepi sing ngrerujit ati. Pungkasane,  kepriye yen ’’sato kewan’’ loro padha memungsuhan lan banjur perang  tandhing? Apa iya baya mung bisa ditandhingi dening sura (hiu), upamane?  Yen baya lumawan sura bakal padha sektine, padha jayane, nanging uga  banjur ’’maga bathanga’’, apa cecak bakal luwih gampang sirnane dening  baya? Apa ora malah kelakon sampyuh ageng yen kabeh-kabeh banjur padha  triwikrama, merga rumangsa mung dadi batur, dhapur kongkonan, lan  rumangsa mung saderma nglakoni?

—Sucipto Hadi Purnomo, mulang kabudayan ing Jurusan Basa lan Sastra Jawa Universitas Negeri Semarang (Unnes)

Sabdo Tomo Sultan HB X
Sabda tama Sultan HB X disampaikan dalam bahasa Jawa   di Bangsal Kencono, Komplek Kraton Kilen yang didampingi oleh GKR Hemas, para putro dalem dan Adipati Puro Pakualaman, Sri Paduka Paku Alam IX

Ingsun Kang Jumeneng Nata Mataran medarake Sabda:

Dene Kraton Ngayogyakarta saha Kadipaten Paku Alaman iku, loro-loroning atunggal.

Mataram iku Negri kang merdika lan nduweni paugeran lan tata kaprajan dewe.

Kaya kang dikersaake lan dikaperangake, Mataram ngesuhi Nuswantara, nyengkuyung jejeging negara, nanging tetep ngagem paugeran lan tata kaprajane dewe.

Kang mangkana iku kaya kang dikersaake, Sultan Hamengku Buwono sarta Adipati Paku Alam kang jumeneng, katetepake jejering Gubernur lan Wakil Gubernur.

Ngayogyakarta, Suryo kaping 10 Mei 2012

Sri Sultan Hamengku Buwono X

Jagad kang wus gumelar:

sabdotomo ,  sabdo tomo ,  hb x tirakat ,  doa petuah jawa islam ,  watake semar ,  sri sultan hb x sabdotomo ,  sabdotomo sultan hbx ,  sabdotomo sultan hb x ,  sabdotomo sultan 2012 ,  sabdotomo sultan ,  sabdotomo 2012 ,  sabdo tomo sultan x ,  Sabdo tomo sri sultan hamengku buwono X ,  sabdo tomo hb x ,  sabdo sri sultan ,  pitutur sri sultan hb 9 ,  bunyi sabdotomo sultan hb x

Dosa Dan Maaf
Didunia ini selalu ada dua hal yang saling berlawanan dan saling melengkapi, seperti dosa dan maaf. DOSA iku sakabehing tumindak lan pamikir kang cengkah karo angger-angger, utamane angger-anggering agama. Tindak kriminal kayadene nyolong, korupsi, milara wong liya, iku uga kalebu dosa. Sakabehing tindak kang ora becik,  gawe sengsarane wong liya, ngrekasakake wong liya, gawe susah lan nglarakake atine wong liya, iku klebu dosa.

Keh-kehane dosa sing ora arupa pelanggaran hukum, ora dadi urusane hukum. Selingkuh, ngenyek utawa nyepelekake wong liya, ngrasani alane wong liya, kawi asring ora dadi urusane hukum. Dosa kang arupa tindak kriminal iku klebu dosa kang gedhe sing satemene sanksine ora mung awujud sanksi hukum,ananging uga sanksi karohanen.

Narapidana wis nindakake paukumane lan wis metu saka pakunjaran, durung mesthi sing resik utawa kalis saka dosa-dosane. Sanksi agama iku ora mung ditampa ana donya, nanging uga ana akhirat, manungsa percaya menawa sakabehing tidak ala iku senajan ora konangan utawa kasumurupan wong liya, mesthi ana undhuh-undhuhane. Sapa sing nandur bakal ngunduh.

Ana tetembungan: Gusti Allah iku ora sare, dadi tumindak lan osiking pikire manungsa iku tansah kapirsan. Dadi sanajan ora kena sanksi hukum, sakabehing tumindak iku ana akibate. Mula ana unen-unen: ngunduh wohing pakarti. Sakabehing pakarti ala lan becik iku ana undhuh-unduhane, bisa ana donya, bisa ana akhirat, bisa uga ditamapa atawa disandang dening anak putune.

Nanging kapercayan ngano mau ana sing nganggep mung kayadene mitos, mula ya akeh sing padha ara percaya. Tindak culika ya banjur ngambra-ambra, perkara, ukuman ana ndonya lan ana akhirat wis ora digubris.

Gusti Allah iku Maha Pengampun, mulane yen manungsa wis ngakoni sakabehing dosa lan kaluputane sarta wis mertobat ora bakal gawe dosa maneh, mesthine ya pinaringan pangapura. Pangapura saka lembaga yudikatif awujud pembebasan saka lapas, sawise nglakoni paukuaman lan mbayar dendha kaya kang kasebutake ing vonise hakim.

Yen dosa mau magepokan karo sesambungan ing antarane wong siji lan sijine, pangapura iku kudu kawenehake kanthi eklas de¨ning wong sing ketaman tindak kang era becik mau. Gusti Allah ora kersa paring pangapura menawa wong sing ketaman mau durung aweh pangapura. Mula wong sing rumangsa wis tumindak era becik kudu ngakoni kaluputane lan wani njaluk pangapura. Yen wis oleh pangapura, sesambungan ing antarane sing tumindak luput lan sing ketaman wis bali resik maneh.

Apura-ingapura iku perlu murih hubungan silaturahmi ing antaraning warga masyarakat tansah becik. Njaluk pangapura lan aweh pangapura iku perlu dikantheni kesadharan lan ketulusan. Kanthi mangkono, apura-ingapura iku ora mung dhapur “upacara”, nanging uga bisa kanggo nglatih kadiwasaning batin lan gawe salaras utawa harmonising masyarakat, satemah bisa nyambut gawe bebarengan kanthi becik.

Jagad kang wus gumelar:

jagad kejawen ,  arti kata lir ilir ,  kejawen jawa ,  kejawen rasa di kediri ,  Manfaat Puasa selama 24 jam senin & kamis ,  tegese sanyari ,  tujuan sedekah bumi di wonorejo